Wedangan with Born Javanese

Padhanging ati, padhanging nalar, padhanging urip

by Amicus Tui Graphic Designer
Amicus Tui Advanced   Graphic Designer
Sing njalari ati kalipur
tumrape wong siji lan sijine mbokmenawa beda-beda. Nanging, panglipur
awujud apa wae, mesthi dilantari tembung utawa ukara. Sanadyan ora
kawedal ing lathi, nanging ukara iku bisa dumeling ing talingan. Tembung
lan ukara sing dumeling ing talinganing ati, saka pangrasaku luwih
gedhe dayane tinimbang tembung-ukara sing keprungu liwat kuping ing
kiwa-tengen sirah iki.

Mung wae,
ana tembung-ukara sing banjur bisa rumasuk ing ati, ana uga
tembung-ukara sing 'mlebu kuping kiwa, bablas metu kuping tengen'. Iku
gumantung saka kahananing pribadi. Kahanan ati sing tansah padhang
jalaran ana sesanggeman tetembungan utawa ukara-ukara suci sing
dipitayani lan dijaga-digegulang, mesthi luwih wicaksana anggone
ngadhepi kahanan. Merga atine padhang, pamikire uga luwih ndalan, uripe
tansah caket lan gampang marang lelipur, kepara malah bisa nglipur awake
dhewe sanadyan lagi nemahi kangelaning urip. Nanging, kahanan ati sing
rina-wengi mung tansah peteng ya bakale kangelan nyipati utawa ngrasaake
lelipur.

Ing tataran tertamtu, ati bungah utawa ora iku bisa merga pilihan! Milih tembung-ukara sing njalari padhanging ati, utawa sing njalari petenging ati?

Menganggo kacamata bening, mesthi beda pengaruhe tinimbang yen nganggo kacamata ireng, ijo, biru, kuning, utawa abang! [skd]
Feb 2nd 2011 22:36

Sponsor Ads


Comments

No comment, be the first to comment.
You are not yet a member of this group.