Wedangan with Born Javanese

Sinten ingkang nge-fans Ki Hadisugito?

by Amicus Tui Graphic Designer
Amicus Tui Advanced   Graphic Designer
Aku nge-fans berat karo dhalange Ki Hadisugito, asal Toyan, Wates, Kulonprogo, Jogja! Saking ngefans-ne, aku gawe MP3 saka kaset wayange Pak Gito. Wis ana 10 lakon (@ 8 cassettes) dadi 10 keping CD. Yen kepengin dirungokake kabeh, bakale rampung 10 wengi natas!

Wadhuh, nanging tanggal 9 Januari 2008 wingi Pak Gito wis ditimbali Gusti lantaran gerah jantung. Tur maneh ya wis yuswa. Melu kelangan aku!
Saiki yen krasa kangen suarane Pak Gito sing gandem karo dhagelane sing lucu kae, isane mung ngrungokake MP3-ne.

Pak Gito, sugeng tindak. Mugi Gusti maringi papan ingkang nentremaken, lan paring kekiyatan dhateng kulawarga ingkang tinilar. Amin. ***
Jan 25th 2008 22:34

Sponsor Ads


Comments

No comment, be the first to comment.
You are not yet a member of this group.